اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِينَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ. أَمَّا بَعْدُ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ: مَثَلُ الَّذِينَ يُنْفِقُونَ أَمْوَالَهُمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ كَمَثَلِ حَبَّةٍ أَنْبَتَتْ سَبْعَ سَنَابِلَ فِي كُلِّ سُنْبُلَةٍ مِائَةُ حَبَّةٍ ۗ وَاللَّهُ يُضَاعِفُ لِمَنْ يَشَاءُ ۗ وَاللَّهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ. رَبِّ اشْرَحْ لِي صَدْرِي وَيَسِّرْ لِي أَمْرِي وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِنْ لِسَانِي يَفْقَهُوا قَوْلِي
Dumateng ingkang kawulo hormati, para alim ulama, para kiai, asatidz lan asatidzah ingkang tansah dipun mulyaken dening Allah SWT. Wabil khusus dumateng sesepuh-pinisepuh ingkang tansah dados panutan masyarakat, ugi mboten kesupen dumateng sedoyo jamaah ingkang minulya. Puji syukur dumateng Allah SWT, dene ing wekdal ingkang sae punika, kito sedoyo tasih pinaringan kesehatan, kesempatan, saha hidayah saengga saged makempal ing majelis ingkang barokah punika. Selawat saha salam mugi tansah katur dumateng junjungan kito, Nabi Muhammad SAW, mugi kito sedoyo pikantuk syafaatipun benjang ing dinten kiamat.
Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sederek sedoyo ingkang dipun tresnani Allah, wonten ing kesempatan punika, kawulo badhe ngaturaken babagan kedermawanan, inggih punika sifatipun para sahabat Nabi ingkang dados teladan kito sedoyo. Kedermawanan sanes namung babagan dunya, nanging babagan manah ingkang tulus kangge nulung sesami.
Salah satunggaling tokoh ingkang dados conto utama inggih punika sahabat Utsman bin Affan RA. Beliau punika tiyang ingkang sugih sanget, nanging kekayaanipun boten ndadosaken piyambakipun sombong. Nalika umat Islam ing Madinah ngalami paceklik lan kangelan toyo, sahabat Utsman tumbas sumur Bi’ru Rumah saking tiyang Yahudi kanthi rega ingkang awis, lajeng dipun wakafaken kangge sedoyo masyarakat. Rasulullah SAW ngendika:
مَنْ يَشْتَرِي بِئْرَ رُومَةَ فَيَجْعَلُ دَلْوَهُ مَعَ دِلَاءِ الْمُسْلِمِينَ بِخَيْرٍ لَهُ مِنْهَا فِي الْجَنَّةِ
"Sinten ingkang kersa tumbas sumur Rumah, lajeng dipun wakafaken kangge umat Islam, mangka tiyang wau bakal pikantuk ganjaran suwarga." (HR. An-Nasa'i).
Menapa ingkang dipun tindakaken Utsman bin Affan wau paring piwulang dumateng kito bilih hartanipun manungso sejatinipun titipan. Allah SWT sampun paring janji wonten ing Al-Qur’an:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَنْفِقُوا مِنْ طَيِّبَاتِ مَا كَسَبْتُمْ
"He wong-wong kang padha iman, infakna sebagian saka asil usahamu kang becik." (QS. Al-Baqarah: 267).
Bapak Ibu jamaah ingkang minulyo, kito mboten kedah dados miliarder kados Utsman bin Affan kangge saged dermawan. Kedermawanan punika wiwit saking niat ingkang tulus. Sedekah ingkang paling sae inggih punika sedekah ingkang dipun paringaken nalika kito piyambak mbetahaken. Kados dene kisah sahabat Anshar ingkang dipun sebataken dening Allah:
وَيُؤْثِرُونَ عَلَىٰ أَنْفُسِهِمْ وَلَوْ كَانَ بِهِمْ خَصَاصَةٌ
"Lan wong-wong Anshar luwih milih ngutamakake sedulure tinimbang awake dhewe, sanajan dheweke dhewe lagi kekurangan." (QS. Al-Hasyr: 9).
Wonten ing dhusun punika, kito saged nuladhani sifat wau kanthi gotong royong. Menawi wonten tangga ingkang gerah, kangelan, utawi kirang pangan, sumonggo kito tumut ngewangi. Nopo malih menawi kito sedekah kangge pembangunan langgar utawi masjid. Sedekah mboten bakal ngirangi bondo, malah bakal nambah berkah. Kados sabda Rasulullah SAW:
مَا نَقَصَتْ صَدَقَةٌ مِنْ مَالٍ
"Sedekah iku ora bakal ngurangi bandhane wong kang sodakoh." (HR. Muslim).
Hikmah saking kedermawanan punika kathah sanget. Saged nyuceni manah, njagi kito saking musibah, lan dados tabungan kito wonten ing akherat mangke. Kito kedah emut, bilih dunya punika namung papan kagem nggolek sangu. Omah megah, sawah jembar, bondo titipan mboten bakal digowo mati, kejawi amal jariyah, ilmu ingkang manfaat, lan doa anak ingkang sholeh.
Monggo, bapak ibu, kito latih manah kito supados dados tiyang ingkang gampil paring pambiyantu. Mboten usah nunggu sugih, nanging mumpung kito taksih dipun paringi umur lan kesehatan, punika wekdal ingkang sae kangge nandur kebecikan. Senajan namung setitik, nanging menawi dipun lampahi kanthi ikhlas, bakal dados bobot ingkang awrat wonten ing timbangan amal saleh kito.
Minangka panutup, sumonggo kito nyuwun dumateng Allah SWT supados manah kito dipunparingi sifat loman, tebih saking sifat kikir, lan dipun dadosaken tiyang ingkang seneng infak sedekah.
Ya Allah, ya Ghafur, mugi-mugi panjenengan dadosaken kito sedoyo tiyang ingkang dermawan, ingkang manut dumateng dhawuh-dhawuh panjenengan. Mugi-mugi sedoyo amal sedekah kito dipun tampi, lan dados penyelamat kito wonten ing dinten akhir. Ya Allah, paringono berkah dumateng rejeki kito sedoyo, lan mugi dhusun kito punika dados dhusun ingkang dipun ridhoi.
Kawulo nyuwun agunging pangapunten menawi wonten atur ingkang kirang mranani penggalih utawi wonten klenta-klentunipun atur kawulo. Matur nuwun sanget dumateng sedoyo jamaah ingkang sampun mirengaken kanthi sae.
وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ