اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ.
أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن.
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ: اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى:
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا
Segenap jamaah shalat Jumat ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Wonten ing dinten ingkang kebak barokah menika, mboten wonten ukara ingkang langkung pantes kita aturaken kajaba raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah Azza wa Jalla. Awit saking rahmat lan hidayah-Ipun, kita saged kempal wonten ing majelis ingkang mulya menika kanthi kahanan sehat wal afiat. Shalawat sarta salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, uswatun hasanah ingkang dados pepadhang tumrap umat manungsa.
Langkung rumiyin, kawula minangka khatib ngajak dhumateng dhiri kawula piyambak lan dhumateng para jamaah sedaya, mangga kita tansah ningkataken takwa dhumateng Allah kanthi nindakaken sedaya perintah-Ipun lan nilar sedaya awisan-Ipun. Amargi namung kanthi takwa, kita saged nggayuh kawilujengan wonten ing donya lan akhirat.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah...
Wonten ing sasi Rabi’ul Awwal menika, manah kita dipun penuhi kanthi raos kabingahan amargi ngenget-enget dinten miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, utawi ingkang asring kita sebat minangka Maulid Nabi. Nanging, kedah kita mangertosi bilih hikmah saking pengetan Maulid menika mboten namung sekedar upacara utawi perayaan mawon. Hikmah ingkang paling agung inggih menika nggugah malih raos tresna kita dhumateng Rasulullah lan ngetrepaken akhlaqipun wonten ing gesang padintenan.
Gusti Allah sampun dhawuh wonten ing Al-Qur’an bilih wonten ing dhiri Rasulullah menika wonten tuladha ingkang sae tumrap tiyang-tiyang ingkang ngajeng-ajeng rahmatipun Allah lan dinten akhir. Menika negasaken bilih nresnani Kanjeng Nabi kedah dipun buktikaken kanthi ittiba’, inggih menika nderek lan niru lampah gesangipun beliau.
Kanjeng Nabi nate dhawuh:
إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلَاقِ
"Satemene aku diutus ora liya mung supaya nyampurnakake akhlaq kang mulya."
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah...
Menawi kita ningali sejarah, Kanjeng Nabi Muhammad SAW menika tiyang ingkang sanget luhur budi pekertinipun. Salah satunggal hikmah saking Maulid Nabi inggih menika nggambaraken kados pundi agungipun sifat kasih sayangipun beliau. Nalika beliau dipun parabi kanthi macem-macem sesebutan ingkang mboten sae, dipun antemi sela ngantos ngetokaken ludira dening penduduk Thaif, punapa ingkang dipun tindakaken dening Rasulullah?
Beliau mboten males kanthi duka utawi dendam. Malah-malah, nalika Malaikat Jibril nawani kagem nindhihaken gunung dhumateng penduduk Thaif, Rasulullah kanthi lembut dhawuh: "Aja, mbok menawa saking katurunan dheweke kabeh bakal metu wong-wong kang nyembah marang Allah." Menika bukti bilih beliau menika leres-leres "Rahmatan lil 'Alamin", rahmat kagem sedaya alam.
Pitakenanipun kagem kita sedaya: Sampun sepinten kita niru akhlaqipun Kanjeng Nabi? Sampun sepinten kita saged paring pangapura dhumateng tiyang ingkang nate dholim dhumateng kita? Sampun sepinten kita saged njaga lisan saking ngrasani utawi nglarani manahipun sedherek kita?
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah...
Wonten ing puncak pengetan Maulid menika, mangga kita muhasabah utawi koreksi dhiri. Rasulullah menika wasilah utawi perantara kita saged ngenal Allah lan saged ngrasakaken nikmatipun iman. Tanpa perjuanganipun beliau, kita bokmenawi taksih wonten ing pepetengipun jaman jahiliyah.
Mila saking menika, sumangga kita perbanyak shalawat dhumateng beliau. Shalawat menika mboten namung pujian, nanging ugi sambungan batin antawisipun umat lan Nabipun. Mugi-mugi kanthi asring maos shalawat lan nindakaken sunnah-sunnahipun, kita sedaya pikantuk syafaatipun benjang wonten ing dinten kiamat.
Coba kita bayangaken, menawi benjang wonten ing padang Mahsyar, nalika sedaya manungsa bingung lan ajrih, Kanjeng Nabi madosi kita lan dhawuh: "Ummatii... ummatii... (Umatku... umatku...)." Punapa kita mboten isin menawi nalika wonten ing donya kita mboten nate nindakaken dhawuhipun lan malah nebihi sunnah-sunnahipun?
Mangga kita dADOSAKEN momentum Maulid menika minangka titik balik kagem hijrah dadi manungsa ingkang langkung sae. Manungsa ingkang jujur, ingkang amanah, ingkang asih dhumateng sesami, kados dene sifat-sifat ingkang dipun tuladhani dening Rasulullah SAW.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالدِّيْنِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah Kedua
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا.
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى
وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ