اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ.
أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن.
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ: اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى:
وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah...
Wonten ing dinten Jumuah ingkang kebak barokah meniko, sumangga kito tansah nambahi raos takwa kito dumateng Allah subhanahu wa ta'ala. Takwa ingkang saktenane, inggih meniko nindakaken sedaya dhawuh-Dhawuhipun lan nilar sedaya pepacuhipun. Mboten wonten kanugrahan ingkang luwih ageng tinimbang hidayah iman lan ugi kanugrahan kamardikan ingkang saweg kito raosaken dinten meniko.
Kamardikan negari kito Indonesia meniko mboten dipun panggihaken kanthi gampil! Mboten peparing saking bangsa penjajah! Nanging kamardikan meniko mujudaken kanugrahan saking Pangeran Ingkang Moho Kuoso lumantar tetesan ludira, raga, lan nyawa para pahlawan sarta para ulama kito. Para pejuang kito rumiyin mboten ajrih dumateng bedhil lan meriam, amargi wonten ing dodo nipun wonten semangat "Allahu Akbar!" ingkang murub makantar-kantar.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah...
Sajatosipun, kamardikan meniko gadhah makna ingkang sakelangkung lebet. Kamardikan mboten namung ucul saking blenggu penjajah bangsa asing, nanging kamardikan ingkang sejati inggih meniko naliko manungsa saged ucul saking pangawulan dumateng makhluk, tumuju pangawulan dumateng Gusti Ingkang Nyiptaaken Makhluk. Kados dene pangandikanipun sahabat Rib'i bin Amir radhiyallahu 'anhu: "Allah sampun ngutus kito kagem mardikaaken manungsa saking pangawulan dumateng sesami manungsa tumuju pangawulan dumateng Allah piyambak."
Menawi kito taksih dados budakipun hawa nafsu, taksih dados budakipun kadonyan, lan taksih ajrih dumateng manungsa tinimbang ajrih dumateng Allah, mongko sajatosipun kito dereng merdeka kanthi sampurna!
Mila saking meniko, sumangga kito syukuri nikmat kamardikan meniko kanthi nindakaken amal shalih. Ampun ngantos negari ingkang sampun dipun perjuangaken kanthi tumpah darah meniko, kito risak kanthi kemaksiatan! Ampun ngantos barokah saking langit dipun angkat dening Allah amargi kito kufur nikmat. Kados dhawuhipun Allah wonten ing Al-Qur'an:
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِم بَرَكَاتٍ مِّنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ
"Lan saupami penduduk negeri meniko iman lan takwa, mesthi Ingsun (Allah) bakal mbukakaken barokah saking langit lan bumi."
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah...
Kito ugi mboten pareng kesupen dumateng jasanipun para pejuang. Rasulullah shallallahu 'alaihi wasallam nate dawuh:
مَنْ لَا يَشْكُرِ النَّاسَ لَا يَشْكُرِ اللهَ
"Sopo wonge sing ora iso matur nuwun marang manungsa, mongko dheweke ora iso syukur marang Allah."
Mila, tugas kito sapunika inggih meniko njagi amanah kamardikan meniko kanthi semangat juang ingkang mboten nate parem. Njagi persatuan, nebihi pasulayan, lan mbangun negari kanthi dhasar akhlakul karimah. Sampun ngantos kito dados generasi ingkang ringkih, ingkang gampil dipun jajah dening budaya asing ingkang ngrisak aqidah lan moral para pemuda kito.
Sumangga kito dodosaken momentum kamardikan meniko kagem muhasabah utawi nimbang dhiri. Sampun sepinten anggen kito paring kontribusi kagem agami lan negari? Sampun sepinten anggen kito sujud dumateng Allah minangka roso syukur?
Mugi-mugi Allah subhanahu wa ta'ala tansah paring kekiyatan dumateng kito sedaya, paring pangayoman dumateng negari Indonesia, saingga dados negari ingkang "Baldatun Thayyibatun Wa Rabbun Ghafur", negari ingkang makmur, aman, sentosa, lan tansah angsal ampunan saking Allah Azza wa Jalla. Amin, amin, ya Rabbal 'Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah Kedua
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا.
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى
وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ