اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ.
أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن.
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ: اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى:
وَلَا تَحْسَبَنَّ الَّذِينَ قُتِلُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ أَمْوَاتًا ۚ بَلْ أَحْيَاءٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ يُرْزَقُونَ
Pangersa para sesepuh, para alim ulama, bapak-bapak, lan para rawuh jamaah Jumat ingkang minulya. Monggo ing kesempatan siang menika, kulo ngajak dumateng panjenengan sedoyo lan dumateng diri kulo pribadi, maringi taqwa dumateng Gusti Allah SWT kanthi sak sae-saenipun taqwa. Jalaran mboten wonten bekal ingkang paling utama kagem sowan wonten ngarsanipun Allah kejawi raos taqwa menika.
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah...
Bulan menika kita nembe ngraosaken nikmatipun kamardikan, nikmat ingkang dipun raih kanthi cucuran getih, banyu mata, lan jiwa raga para pahlawan sarta para syuhada. Piyambakipun sedoyo mboten mikiraken bandha donya, mboten nggadahi pamrih pujian saking manungso. Sing dipun tuju namung siji, mujudaken ukematipun Gusti Allah ing bumi pertiwi lan ngrebut kamardikan saking belenggu penjajahan.
Pramila, rembug babagan pahlawan lan syuhada menika sanes namung cerita sejarah ingkang lewat kemawon. Ananging menika cerminan gesang ingkang kedah kita teladani. Menopo dene pahlawan lan syuhada menika saged dados inspirasi gesang kita wonten ing era modern sak menika.
Gusti Allah sampun negesaken wonten ing Al-Qur'an Surat Ali 'Imran ayat 169:
وَلَا تَحْسَبَنَّ الَّذِينَ قُتِلُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ أَمْوَاتًا ۚ بَلْ أَحْيَاءٌ عِنْد.َ رَبِّهِمْ يُرْزَقُونَ
Artosipun: "Lan sira kabeh aja ngira yen wong-wong kang gugur ing dalan Allah iku mati, sejatine padha urip ana ing ngarsane Pangeran kanthi diparingi rizki."
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah...
Menawi para pahlawan biyen ngorbanaken nyawa nglawan penjajah Walondo utawi Jepang kanthi bedhil lan bambu runcing, mila pahlawan lan syuhada ing era sak menika benten malih wujudipun. Pahlawan ing jaman saiki inggih menika sinten kemawon ingkang berjuang kanthi tulus ikhlas kagem negakaken keadilan, mbela kebenaran, lan njagi keutuhan bangsa sarta agama saking ancaman zaman.
Pahlawan ing era sak menika inggih menika tiyang sepuh ingkang banting tulang golek rezeki sing halal demi anak bojone, mboten gelem nyenggol barang haram senajan kahanan nelongso. Pahlawan inggih menika guru lan ulama ingkang saben dinten ikhlas ngopeni umat, mulangaken ilmu agama, lan ngrumat akhlakipun generasi mudho saking arus globalisasi lan dekadensi moral. Pahlawan inggih menika para tenaga medis, relawan kemanusiaan, lan sinten mawon sing ikhlas makarya kanggo kemaslahatan sesama.
Gesang kita sak menika kebak karo fitnah lan godaan. Hawa nafsu lan tresna marang dunya asring ndadosaken kita lali dumateng tujuan aslina gesang. Rumaos lemah, rumaos asring ngelakoni dosa, lan tebih saking dalan sing lurus. Pramila, meneladani pahlawan lan syuhada tegesipun kita kedah wangsul mring semangat berjuang — berjuang nglawan hawa nafsu pribadi, nglawan kemalasan, lan berjuang kagem nindakaken ketaatan dumateng Gusti Allah kanthi tenanan.
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah...
Rasulullah SAW nate ngendika wonten ing satunggaling hadits:
مَنْ قُتِلَ دُونَ مَالِهِ فَهُوَ شَهِيدٌ، وَمَنْ قُتِلَ دُونَ دِينِهِ فَهُوَ شَهِيدٌ، وَمَنْ قُتِلَ دُونَ دَمِهِ فَهُوَ شَهِيدٌ، وَمَنْ قُتِلَ دُونَ أَهْلِهِ فَهُوَ شَهِيدٌ
Artosipun: "Sapa wonge sing mati amarga mbelani bandhane, mula dheweke syahid. Sapa wonge sing mati mbelani agamane, dheweke syahid. Sapa wonge sing mati mbelani getihe (nyawane), dheweke syahid. Lan sapa wonge sing mati mbelani keluargane, dheweke syahid." (HR. Tirmidzi).
Hadits menika nyadarke kita bilih jiwa kepahlawanan lan kesyahidan menika tansah mbukak kagem sinten kemawon ingkang gesang kanthi prinsip kebenaran, kejujuran, lan tanggung jawab. Mangga kita dadi pahlawan ing keluarga kita piyambak, dadi pahlawan ing lingkungan sekitar kita, kanthi dados tiyang sing migunani tumrap sesama, khairunnas anfauhum linnas.
Duh Gusti Allah... Mugi-mugi panjenengan paring kekuatan dumateng kita sedoyo supados saged nerusaken perjuangan para pahlawan. Mugi-mugi amal kesaenan kita, keikhlasan kita ing gesang menika, diitung minangka amal soleh lan kalebet golongan tiyang-tiyang ingkang pikantuk rahmat lan ridho-Mu. Mugi-mugi manah kita tansah dipun bukak kagem nampa kebenaran lan dipun adohaken saking sifat wegah lan putus asa saking rahmat-Mu.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah Kedua
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا.
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى
وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ