اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ.
أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن.
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ: اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى:
وَذَرُوا ظَاهِرَ الْإِثْمِ وَبَاطِنَهُ ۚ إِنَّ الَّذِينَ يَكْسِبُونَ الْإِثْمَ سَيُجْزَوْنَ بِمَا كَانُوا يَقْتَرِفُونَ
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah...
Wonten ing dinten ingkang minulya punika, sumangga kita sami ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, Gusti Ingkang Maha Asih, ingkang tansah maringi kanikmatan lan sih rahmat sanadyan kita asring lali lan nalisir saking dhawuh-Dhawuhipun. Shalawat ugi salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhumateng kulawarga, para shahabat, lan sedaya pendherekipun dumugi dinten kiyamat.
Khotib paring wasiat dhumateng dhiri pribadi lan dhumateng jamaah sedaya, sumangga kita sami tansah nambahi raos taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Amargi boten wonten sangu ingkang langkung sae nalika kita sowan ing ngarsanipun Gusti kejawi sangu taqwa lan manah ingkang resik.
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah...
Wonten ing wekdal ingkang kebak barokah punika, sumangga kita sami ndhingklukaken mustaka, mbikak lawang manah ingkang sampun suwe atos amarga katutup dening reregeding dunya. Mangga kita angen-angen kanthi weninging manah: Sepinten asringipun awake piyambak nglampahi kalepatan? Sepinten asringipun awake piyambak nglanggar wates-watesipun Allah ing satengahing sepine wengi?
Nalika awake piyambak nglakoni dosa kanthi sesidheman, Gusti Allah kanthi sifat Maha Welas lan Maha Asih-Ipun boten langsung ngudhar aib kita. Gusti Allah nutupi reregeding dhiri kita saking pandulune menungsa. Ananging, duh sederek sedaya... sepinten kathah menungsa ing jaman samangke ingkang ical raos isine dhumateng Gusti Allah? Kathah tiyang ingkang sampun katutup aibe dening Allah, ananging piyambakipun piyambak ingkang mbikak tutup kasebat kanthi bangga lan terang-terangan. Sikap punika ingkang dipunwastani mujaharah.
Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam sampun paring pepeling ingkang nggegirisi wonten ing haditsipun:
كُلُّ أُمَّتِي مُعَافًى إِلَّا الْمُجَاهِرِينَ
Tegesipun: Saben-saben ummatku bakal diapura dosane, kajaba wong-wong sing terang-terangan nglakoni maksiat.
Lajeng Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam nambahi wedharan:
وَإِنَّ مِنَ الْمُجَاهَرَةِ أَنْ يَعْمَلَ الرَّجُلُ بِاللَّيْلِ عَمَلًا، ثُمَّ يُصْبِحَ وَقَدْ سَتَرَهُ اللهُ عَلَيْهِ، فَيَقُولَ: يَا فُلَانُ، عَمِلْتُ الْبَارِحَةَ كَذَا وَكَذَا، وَقَدْ بَاتَ يَسْتُرُهُ رَبُّهُ، وَيُصْبِحُ يَكْشِفُ سِتْرَ اللهِ عَنْهُ
Tegesipun: Lan satemene klebu mujaharah yaiku nalika ana wong ing wayah wengi nglakoni sawijining dosa, banjur ing wayah esuk dheweke tangi kamangka Allah wus nutupi dosane iku, nanging dheweke malah ngomong: He fulan, wingi bengi aku wus nglakoni dosa iki lan iku. Kamangka Gusti Allah ing wayah bengi wus nutupi aibe, nanging ing wayah esuk dheweke dhewe sing mbikak tutuping aib saka Gusti Allah kasebat.
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah...
Duh sederek-sederek kula... Betapa teganipun manah punika, nalika Gusti Allah maringi ampunan lan nutupi aib kita, nanging kita kanthi kumawantun malah pamer maksiat wonten ing ngajengipun tiyang sanes, dipuncritakaken ing papan cangkrukan, utawi dipun-unggah wonten ing jagad maya kanthi raos mongkog lan tanpa ajrih. Punapa kita boten ajrih menawi rahmatipun Gusti Allah dipuncabut saking gesang kita? Punapa kita boten miris menawi lawangipun tobat dipuntutup dening Gusti Allah amargi awake piyambak nantang murkanipun Gusti?
Maksiat ingkang dipuntindakaken kanthi terang-terangan punika sanes namung ngrusak dhiri pribadi, ananging ugi dados racun ingkang ngrusak tiyang sanes, nuwuhaken fitnah, lan ngrimuk generasi mudha supados ngremehaken dosa. Tiyang ingkang mujaharah punika kados dene tiyang ingkang nantang adzabipun Allah kanthi cetha.
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah...
Bayangna, duh para sedulur... Kados pundi nasib kita mangke menawi nyawa sampun dumugi ing gorokan? Nalika lisan sampun boten saged micara, nalika awake piyambak kapeksa nilar dunya ingkang fana punika, lajeng sowan wonten ing ngarsanipun Allah ing Padang Mahsyar?
Kados pundi wiringing pasuryan kita nalika Gusti Allah mbikak sedaya rekaman lampah maksiat ingkang rumiyin kita pameraken wonten ing dunya? Ing dinten punika, boten wonten tiyang ingkang saged mitulungi. Boten wonten bandha lan panguwasa ingkang saged dados benteng saking geni neraka.
Mumpung napas taksih lumaku ing dhadha, mumpung jantung taksih pinaringan wekdal kagem ndhedhepe, mangga kita sami netesaken luh panyesalan. Mangga kita sami ndhodhog lawangipun tobat kanthi taubatan nasuha. Nyuwun pangapunten dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas, nutupi aibing dhiri lan sedulur kita, sarta nglereni sedaya lampah maksiat, sae ingkang sesidheman punapa dene ingkang terang-terangan. Mugi-mugi Allah paring kekiyatan manah dhumateng kita sedaya kagem tansah istiqomah wonten ing margi ingkang dipun ridhai.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah Kedua
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا.
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى
وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.
اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ